welcome to my heart

.::curahan hati tiada henti::.

Selasa, 01 Maret 2011

profilnya bu guru cantik

Tulisan ini tak bikin pas aku dapet tugas mata kuliah ekspresi tulis sama pak Mulyana. Yang tak tulis profil ibu kos ku yang dulunya guru sma ku sendiri. Lebih jelasnya cekidot...

Reti Sudarsih
Guru lan Ibu Kost Kang Nresnani


Ing sekolah-sekolah tataran Sekolah Menengah Atas (SMA) ing Yogyakarta luwih-luwih nang tlatah Kulon Progo, antarane kukuban kecamatan Wates, Pengasih, Sentolo, lan saindhenge, nama Reti kepara wis banget moncer. Kenya kang yuswane uwis “kepala tiga” iki nduweni garwa kang banget ditresnani. Kang aran Sidik Purnomo,Spd.T. Pak Sidik piyambak dados guru tekhnik otomotif nang sawijining STM ing tlatah Prambanan yaiku SMK Muhammadiyah Prambanan.
 Kejaba nduweni profesi minangka guru Basa Inggris, Ibu Reti kang nama komplite Reti Sudarsih iki, uga mandhegani saweneh warung lesehan kang nyumadyaake tetedhan kang sarwa dibakar. Warung lesehan iku dimandhegani tanggal 13 Juli 2006, dumunung ana ing Kampung Kuningan, Catur Tunggal, Depok, Sleman kang cedhak karo dalem e piyambak ing Kuningan, Blok G16, Catur Tunggal, Depok Sleman.
 Saliyane dadi ibu guru lan bakul lesehan Bu Reti uga nduweni kamar kost-kostan kang disewaake marang mahasiswa-mahasiswa kang kuliah ana ing UNY lan UGM. Ana bocah enem kang indekost ana ing dalem e Bu Reti.
 Sakeplasan yen ndeleng pasuryane priyayi siji iki katone kereng. Nanging bareng wis amor wawan gunem, jebul piyambake kuwi supel lan gapyak. Apa maneh menawa wis guneman babagan piwulangan basa
Inggris lan kasuksesane ngranggeh gelar guru favorit tataran DIY.
Wiwit seneng karo basa Inggris
 Wiwit isih murid SD ana ing SD N Ngipikrejo kang dumunung ana ing tlatah Kalibawang, Bu Reti wis seneng maca buku. Kagiatan kaya mangkono iki diteruske nalika dadi siswa SMP N Jatisarono ing Nanggulan lan tumeka sekolah ing SMA N 1 Kalibawang. Pasinaone diterusake ana ing Universitas Negeri Yogyakarta, Fakultas Bahasa Lan Seni, Jurusan Bahasa Inggris Bu Reti uga taksih seneng maca buku lan nulis.
 Bu Reti wiwit seneng karo pasinaon basa Inggris nalika taksih sekolah ana ing SMP. Nalika semana piyambak e kesengsem karo cara mulang e sawijining guru ing SMP iku yaiku Bu Is kang saiki uwis tilar donya. Miturut e Bu Reti, Bu Is iku guru kang top banget. Anggone ngulang alus, ngemong lan ngedongke. Katresnane marang basa Inggris sansaya tambah nalika ing SMA ketemu karo guru kang uga nresnani yaitu Pak Sis. Malah Pak Sis kang nyurung-nyurung Bu Reti supayane dadi guru Basa Inggris.
 Ing taun 2001 piyambake ketampa dhaftar pinangka guru tidak tetap utawa guru honorer basa Inggris ing SMA N 1 Kalibawang. Taun 2002 dumugi taun 2003 pindhah mulang ing SMA Taman Madya, Jetis. Taun 2003 kasil dadi PNS lan dibenum ana SMA Negeri 1 Wates, Terbah, Wates, Kulon Progo. Nganti tumeka saiki Bu Reti taksih setya tuhu mulang piwulang Basa Inggris ing SMA kang banget ditresnani piyambake.
 Bu Reti pinangka guru Basa Inggris kang mulang saperangan kelas ana ing SMA N 1 Wates iki dadi guru favorite bocah-bocah kang diampu. Akeh murid-murid kang ndadeake Bu Reti guru kang ditresnani lan diidolaake. Sanajan rada galak nalika mulang bu Reti kalebu guru kang sabar lan telaten. Anggone mulang tegas nanging ngemong. Sedaya murid dirangkul bebarengan supaya bisa ngetutake pelajaran lan ora ketinggalan. Kanggo bocah kang rada bebel lan mbeling bu Reti ora iguh kanggo ndukani nanging uga gapyak sumanak nuntun supaya bisa ngetutake pasinaon. Nalika disuwuni pirsa bab suka dukane dadi guru, Bu Reti gumujeng.
 “Bab sukane nggih yen murid-murid saged ngomong kanthi basa Inggris ingkang sae. Menawi dukane nggih yen bocah-bocah boten saged tur mbeling. Niku sik marai greges e ati.”
 Babagan papan mulang kang adoh saka dalem e ora dadi dukane bu Reti. Sanajan ndadeake awak sayah ora ndadeake semangat e kanggo mulang dadi kendho. Karana profesi mau wis mujudake jejibahan sing wis kebacut diceguri, Bu Reti wis ora ninting-ninting bab suka dukane. Sing baku niate mulang kanggo ngibadah marang sapadha-padha tuwin marang Gusti ingkang sampun paring gesang.
Prestasi kang uwis nate diranggeh
 Bu Reti pambarep e utawa anak nomer siji saka pasangan Bapak Slamet lan Ibu Sumiyem iki nduweni segudhang prestasi wiwit isih ana ing bangku SMA. Nalika SMA piyambake nate mlebu 10 besar IMO utawa International Mathematic Olympiade ing tingkat kabupaten Kulon Progo. Juara loro uga uwis nate diranggeh Bu Reti nalika melu lomba Cerdas Cermat Agama tingkat Kabupaten Kulon Progo.
 Ora suwe wingi, ing sasi Desember 2009 Bu Reti uga kasil dadi Guru Favorit tingkat DIY. Piyambak e kasil ngranggeh juara 2 guru Favorit tingkat SMA se-DIY. Mula bukane Bu Reti ditawani pihak sekolah supaya maju dadi guru favorit kang dimandhegani karo Parasamya Pemkab Bantul. Saka kurang luwih 200 peserta Bu Reti lolos seleksi lan isa mlebu final. Saben tataran dipilih 2 guru favorit. Tataran SD 2 guru, SMP 2 guru, lan sateruse dumugi tataran SMA lan SMK. Bu Reti kalebu finalis guru favorit tataran SMA kanthi rival Bapak Budi guru saking SMA N 1 Yogyakarta. Wusanane Bu Reti kasil dadi juara 2 guru favorit tingkat DIY. Prestasi iki banget mbungahake manah piyambake lan garwanipun uga SMA papan panggenan Bu Reti mulang.
Ing sasi Januari taun iki Bu Reti uga kasil entuk beasiswa S2 ing Singapura. Menawa ora ana alangan pungkasaning taun iki Bu Reti tindak dateng Singapura saperlu ngangsu kawruh.
 Bu Reti uga paring ngerti kepiye carane piyambake bisa nduweni prestasi kang ora samubarang uwong bisa. Miturut e Bu Reti ingkang wigati yaiku niat. Yen niat uwis kuat mula sakabehane bakal krasa mayar, pepalang apa wae ora krasa abot. Kang ora kalah penting yaiku usaha kango ngranggeh sedaya gegayuhan. Lan kang paling wigati kepara malah dadi nomer siji yaiku ndonga lan nyuwun marang Gusti ingkang Maha Welas Asih.
 Sanajan uwis bisa ngranggeh saperangan prestasi nanging ibu guru iki isih nduweni kekarepan. Bu Reti taksih pengen nerusake kuliah ana ing negeri Kangguru lan melu Bridge Program utawa pertukaran guru kang dianakake karo Australia.
Gagasan marang generasi mudha
 Sanajan mulang basane bangsa manca ananging Bu Reti tetep ngleluri Budaya Jawa. Nalika mulang Bu Reti uga tetep nganggo Basa Jawa kanggo basa lumantare. Iki dilakoni supaya anak didike tetep kenal lan karep nggunaake Basa Jawa kanggo basa komunikasi sadina-dina. amarga saiki akeh bocah-bocah kang isa ngomong basa Inggris nanging basa Jawane kurang.
 Mula piyambake nduwe pengarep-ngarep marang para kadang taruna supaya tetep kukuh lan kenceng ngleluri seni lan Budaya Jawa. Sanajan nyinau bangsa manca kang global nanging tetep kudu nduweni kapribaden lokal. Manut pangajake Bu Reti, basa Jawa aja nganti sirna. Luwih-luwih nganti diduweki dening bangsa manca. Aja nganti bangsa liya gelem nyinau basane dhewe, sawetara bangsane dhewe malah gandrung kapirangu marang basane bangsa manca. Yen kaya mangkana kita banjur kawastanan bangsa kang kelangan jati dhiri.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar