welcome to my heart

.::curahan hati tiada henti::.

Kamis, 24 Februari 2011

Ini Tugas dari Pak Triss sayang

3. AUTOBIOGRAFI
Aku dilairke dening ibuku kang namane Sutarti ing dina Kemis Kliwon, 12 April rong puluh taun kepungkur. Senadyan akteku nuduhake yen aku kelairan Kulon Progo ananging kasunyatane aku dilairake ana ing lemah kelairane Bapakku, yaiku Tangerang. Bapakku, Bambang Kusnanto asli saka Tangerang. Amerga golek pakaryan ana Jogja mula isa ketemu karo Ibuku.
Nalika aku ngancik umur 5 taun aku wiwit sekolah ana ing Taman Kanak-kanak kang mung ana siji-siji nang desaku, yaiku TK ABA Bustanul Atfal. Anggonku sekolah ana TK ora mung cukup setaun, rong taun anggonku sekolah ana ing TK amarga umurku jaman semana durung isa mlebu sekolah SD. Taun 1996 aku mlebu SD nang SD Depok 1. SD kuwi adohe mung 100 meter saka omahku, cerak banget. Mula aku mung mlaku yen sekolah, bareng aku adekku kang mung kacek setaun karo aku. Nalika SD aku mesti entuk ranking 1 nang kelas. Mula ora moal yen aku disenengi guru-guru lan kerep dimelokake lomba-lomba. Aku uwi tau melu lomba cerdas cermat PKN-IPS nganti tekan tingkat Kabupaten. Ananging aku ora bisa nerusake nganti tingkat Provinsi amarga aku kalah ing kabupaten. Saliyane lomba PKN-IPS aku uga uwis tau melu lomba Cerdas-Cermat-Agama (CCA), lomba voli, lan lomba maca puisi.
Sangu biji NEM kang apik aku nyoba ndaftar nang SMP 2 Wates, sawijining SMP kang lumayan favorit ing Kabupaten Kulon Progo. Taun 2002 mlebu SMP kudu nganggo tes dhisik. Mula aku uga tes, tekane pengumuman aku ana ing urutan nomer 8 lan kasil bisa mlebu SMP 2 Wates kuwi. Kaya dene pas SD nalika SMP aku uga rumasuk siswa kang pinter amarga mesti mlebu 10 besar nalika tampa rapat. Malah kelas 3 aku kasil bisa entuk ranking 2. Pirang-pirang lomba uga uwis tau tak eloni nalika aku isih SMP. Wiwit SMP uga aku dipercaya karo sekolahan lan kana-kanca dadi pranata cara utawa mc ing samubarang acara, kaya ta acara pengajian, pengetan dina agama, acara tanggap warsa sekolah, lan acara pentas seni. Amarga kerep didhapuk dadi mc aku dadi uwong kang ora wedi nalika adhep-adhepan karo wong akeh. Nalika SMP uga aku nate dadi pengurus osis.
Taun 2005 aku ngrampungke pendhidhikanku ana ing SMP. Sangu NEm kang lumayan, yaiku 26, 17 aku njajal ndaftar nang SMA terfavorit Kabupaten Kulon Progo, yaiku SMA N 1 Wates.
Wiwit cilik aku uwis seneng maca buku cerita. Kabeh buku cerita aku seneng. Cerkak, novel lan liya-liyane. Kabeh jinis novel aku iya seneng. Mula wiwit SMA kelas 1 aku njajal nggawe cerkak. Ana pirang-pirang cerkakku kang kasil dimot ana majalah lan bulletin. Malah uga ana kang kasil juara 1. Cerkakku kang wis tau dimot ana majalah yaiku Mawar Putih (nganggo basa Indonesia) cerkak kuwi dimot ana majalah prestos, majalah siswa seKulon Progo. Cerkak kanthi irah-irahan Malam Kemenangan uga dimot ana bulletin Coret, bulletin kang dimandhegani karo saperangan aktivis ing LKiS. Cerkakku kang nate dadi juara 1 lomba nulis cerpen kanggo mengeti dina Katini yaiku The Real Kartini, It’s Me. Cerkak kuwi nganggo basa Indonesia namung irah-irahan e wae kang nganggo basa Inggris.
Aku digedhekake dening wong tuwa kang demokratis. Kang menggalih yen pendhidhikan iku samubarang kang wajib dieloni. Kang wajib diusahake. Mula memper yen bapak sregep banget ngelingake aku karo adhiku supaya sregep sinau. Masalah sekolah dadi perkawis nomer siji kanggo wong tuaku. Apa-apa kanggo urusan sekolah. Sanajan aku asale seka kulawarga kang pas-pasan nanging ora tau eman yen adhep-adhepan karo urusan sekolah. Papan lan sandhang kanggo bapak isa dikalahke, kabeh mung kanggo sekolahe anak-anake.
Mula nalika 2008 aku lulus seka SMA aku nerusake laku sekolahku ana pawiyatan luhur. Kekarepanku kuliah uwis ana nalika aku isih SD. Ngerti kekarepan kang kenceng seka anak-anake bapak ngupayakake supaya aku lan adhiku bisa sekolah. Aku ngerti kepiye abote bapak lan ibuku nggolek ragad kanggo nyamektaake biaya kuliahku sesuk. Nanging kabeh kuwi ora tau dipikir abot marang bapakku.
Semester 2 kelas 3 aku njajal ndaftar Penelusuran Bibit Unggul kang dianake karo UNY. Nalika kuwi aku njupuk jurusan Pendidikan Basa Daerah. Kang uwis tak andharake nang nduwur mau, wong tuwaku wong tuwa kang demokratis, mula kekarepanku mlebu jurusan Pendidikan Basa Daerah ora dicegat kepara malah didukung.
Aku kelingan tenan kepiye wong tuwaku mbelani aku nalika aku diece karo sedulur-sedulur lan tangga-tanggaku amerga aku njupuk jurusan kuwi. Penggalihe wong liya jurusan sing tak jupuk kuwi jurusan ecek-ecek kang ora perlu dileboni, kepara malah gampang, ora usah sekolah mesthi uwis isa. Bapak kerep nggedhekake atiku yen aku lagi ciut.
Merga wong tuaku kang tansah nyengkuyung aku, aku isa nglaksanaake kuliahku kanthi lancer. Saiki aku uwis ngancik taun katelu, lan uwis nglakoni 5 semester kanthi lancar. Kekarepanku, 1,5 taun maneh aku lulus lan bisa mujudake gegayuhane wong tuaku ndelok anake nganggo toga lan nyandang gelar Sarjana Pendidikan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar