welcome to my heart

.::curahan hati tiada henti::.

Minggu, 27 Februari 2011

Nikah yuuuukk....

Ini tugas ekspresi lisan lanjut dari Pak Warno. Bikin laporan panggih temanten gagrak surakarta. Ga observasi langsung sih, study internet.. Maklum..kan ada internet. Ni aku menganalisis upacara pernikahannya mba anggi, aku liat di internet sih. Moga aja bermanfaat yah.. Da daftar acuannya juga kok...

Laporan Penganten Gagrak Surakarta

1. Siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresikake jiwa calon penganten. Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilakokake neng omah masing-masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga pemaes.
a. Pambuka
Pranata adicara miwiti adicara siraman kanthi ngunjukaken puja-puji mring karsaning Gusti .
b. Donga
Bapak ibu hamengku gati memuji mring ngarsaning Gusti. Ingkang kapatah mandhegani pandonga paring panjurung donga.
c. Pasang bleketepe
 Saderingipun sungkeman dipunwiwiti, tiyang sepuh kekalih calon pininganten putri nindaaken adicara pasang bleketepe. Ancasipun inggih menika minangka pralambang gotong royong tiyang sepuh kekalih dados pengayoming kulawarga. Sasampunipun bleketepe dipunpasang, tiyang sepuh penganten wanita nindaaken upacara pasang pari kangge nglengkapi tuwuhan. Masang tuwuhan menika limrahipun dipun tindaaken ing ngajeng lawang. Tuwuhan menika kasusun saking woh-wohan kang sampun mateng, tebu wulung, cengkir gadhing, godhong randu, lan pari sawuli uga godhong apa-apa. Tetuwuhan menika nggadhahi artos gegayuhanipun tiyang sepuh mring putra muga-muga calon pininganten sageda kacukupan ing boga.



d. Ngracik Toya
Sasampunipun adicara pasang bleketepe lan tuwuhan, tiyang sepuh nracik toya siraman minangka sarana jamas pasiraman calon pininganten putri. . ingkang sepisan bapak ngracik toya saking toya kraton lan toya saking lepen tempuran. Lajeng bapak nglebetaken klapa sepuh sagandheng. Lan salajengipun bapak kabyantu ibu nyawijiaken sekar sritaman kaliyan toya lan kelapa.

e. Ngintun Toya
Pemangku hajat nyuwun pambiyantunipun sapasang kakung lan putri lan dipuntambah kalih pengawal kangge ngintun toya perwita adi mring dalemipun pininganten kakung








f. Ngabekten
 Bapak lan ibu lenggah wonten ing kursi, bapak isng iring tengen lan ibu ing sisih kiwa. Calon pininganten putri ngabekti mring bapak lab ibu. Kebak raos bungah lan sedhih amarga kemutan upayanipun toyang sepuhipun anggenipun ndidik wiwit alit dumugi diwasa. Calon pininganten putri netesaken luh lan sedayanipun uga trenyuh.












g. Siraman
 Calon pininganten putri lajeng nindaaken adicara jamas pasiraman. Ingkang paring jamas pasiraman inggih menika para pepundhen, para pinisepuh pitu cacahipun. Ingkang kapisanan nyiram inggih menika tiyang sepuhipun.
h. Sesuci lan Mecah Kendi
 Sesuci kanthi cara kados wudhu inggih menika ngusap tangan, rai, rambut, samparan lan sedaya badan. Papan toya suci awujud kendi. Paripurna anggenipun sesuci risang ahayu. Ibu risang temanten putri jumangkah ing sangajenging bapak lan nampani kendhi saking Bapak. Lajeng kendhi dipun pecah sinambi ngendika “Niat Ingsun Ora Mecah Kendi, Nanging Mecah Pamore Putriku Anggraini Widjanarti”. Wus pecah pamore, wus katon manther cahyane risang ahayu, marma sangsaya tambah kasulityane.
i. Pangas Rikma’
 Adicara salanjengipun inggih menika pangkas rikma. Pangkasan rikma winadhah mok, tinampi dening ibu nenggih ibu Wijanarko. Mugi risang ahayu saged nyembadani kekudanganipun ingkang rama miwah ingkang ibu kadidene sasmita ing pangkas rikma nenggih wiwit samenika risang ahayu samekta bawa priangga kalamun sampun kulawarga mangun gesang tembayatan kaliyan ingkang garwa, nenggih bagus Amir.
j. Pondhongan utawa gendhongan
 Sasampunipun upacara pangkas rikma, calon pininganten putri jumeneng. Kanthi dipunsekseni kaliyan ibu lan para tamu, keng rama momdhong putri ingkang katresnan. Artosipun, menika tanggung jawab tiyang sepuh ingkang pungkasan.
k. Pangkas Tumpeng
 Sasampunipun pondhong pungkasan, tiyang sepuh kekalih calon pininganten putri tumuju wonten ing sasana piranti siraman. Wonten sesaji siraman wonten tumpeng. Tumpeng menika dipun pangkas kaliyan bapak lan dipuntampi dening ibu kanthi dipunsakseni kaliyan para tamu. Hasil pangkasan tumpeng menika dipun ginaaken kangge dulang pungkasan.
l. Dulang Pungkasan
 Sasampunipun tumpeng dipunpangkas, tiyang sepuh kekalih ndulang putripun ingkang kaping pungkasan. Tiyang sepuh kekalih nggadhahi tanggel jawab sesarengan anggenipun ndidik putripun. Lan nalika nguwalaken putrinipun prayoginipun tiyang seouh paring dulang pungkasang.
 Menika niatipun “Niat ingsun ndulang putriku, pamujiku dulangan iki dadiya dulangan kang pungkasan. Ing sabanjure putriku bisaa madeg ing pribadine dewe, nampa kanugrahan Allah, dadiya pangayoming sasana, sempulur ing salawase, widada, nir ing sambekala.
m. Sade Dhawet
 Sasampunipun dulang pungkasan, tiyang sepuh calon pininganten putri nuntun risang temanten putri medal ing sasana piniji. Ibu nggendhong bakul, lan bapak mbeta paying kangge mayungi keng ibu. Saderengipun sade dhawet ibu nyepakaken sakgelas dhawet kangge dipunujuk bapak. Menika mratandhani bektinipun tiyang estri dumateng tiyang kakung, lan prayoginipun menapa ingkang dipuncaosaken dening liyan menika samubarang ingkang sae. Para tamu antri tumbas dhawet kanthi arta kreweng lan dipun gantos ngangge cindera mata kaliyan bapak lan ibu Wijanarko.



2. Midodareni
 Tembung midodareni menika asalipun saking widadari utawa bidadari kang wonten ing basa Indonesia. Adicara menika ngandut teges nalika dalu saderengipun adicara panggih temanten, sedaya widadari mudhun saking kahyangan kangge paring pangestu uga pralambang bilih benjing wonten adicara utama, risang penganten putri sageda ayu kados widadari. Wonten ing adicara menika penganten putri boten medal saking kamar wiwit tabuh enem sonten ngantos tengah dalu lan dipunkancani dening sedherek-sedherek putri sinambi paring pitutur.
a. Calon pininganten kakung saha pangombyong rawuh
 Calon pininganten kakung tindak wonten dalemipun piningaten putri dipundherekaken kaliyan sedherekipun. Tiyang sepuhipun risang temanten kakung boten ndherekaken. Adicara menika dipunsebat jonggolan.
b. Barisan taksih jumeneng ing ngajeng tarub katindaaken srah-srahan:
1) Imbal wacana saking wakil temanten kekalih. Lan ngandharaken maksud rawuhipun rombongan lan panampining saking pihak calon pininganten putri.
2) Pasrah srah-srahan utawa paningset kang cacahipun 23 boks. Srah-srahan menika kanthi estafet dipunsimpen wonten kamaripun calon temanten putri.
c. Calon pininganten kakung lan rombongan lenggah wonten papan ingkang sampun dipunsamektaaken.
d. Wejangan Catur Wedha
 Bapak Wijanarko maos catur wedha kangge calon putra menantu, inggih menika Nak Mas Amir. Salajengipun teks catur wedha menika dipunparingaken kaliyan bapak dumateng calon pininganten kakung. Teks menika sampun dipuntapakasmani kaliyan Bapak Wijanarko minangka ramanipun Nimas Anggraini Wijanarti.
e. Tantingan
 Bapak Ibu Wijanarko tumuju wonten kamaripun Nimas Anggi. Bapak Ibu takon menapa risang temanten putri sampun mantep manahipun badhe pala karma kaliyan Nakmas Amir. Calon pininganten putri paring jawaban inggih.
f. Pitepangan Kulawarga
 Sesarengan kaliyan dhahar kulawarga ageng saking calon pininganten kakung lan calon pininganten putri tetepungan lan ngraketaken paseduluran.
g. Titik nitik Calon Pininganten Putri
 Nalika dhahar sesarengan kulawarga saking temanten kakung dipunidinaken nemoni calon pininganten putri wonten kamaripun. Adicara menika ngemu teges supados kulawarga calon pininganten kakung ingkang dereng sumerep utawi dereng kenal saged mangertosi calon pininganten putrinipun.
h. Paring busana kancing gelung lan angsul-angsul
 Nalika pamitan wangsul calon pininganten kakung dipun paring kancing gelung kaliyan bapak Wijanarko. Ugi dipunparingi angsul-angsul kaliyan Ibu Wijanarko.
i. Panutup














3. Adicara Panggih
a. Penganten Kakung Rawuh
Barisan penganten kakung katata. Ngajeng piyambak ingkang ngasta pisang sanggan, inggih menika ibu-ibu cacahipun kalih, temanten, sarta pandherek sawetawis. Penganten lumampah kairing gendhing kodhok ngorek.
Penganten putri dipunsamektaaken, ngajeng piyambak jumeneng rama ibunipun penganten putri. Wingkingipun pinisepuh putri kalih ngasta kembar mayang. Penganten putri kaapit penganti ibu-ibu kalih. Wingkingipun penganten sedherekipun penganten putri.
b. Tebusan Pisang Sanggan
Juru ampil pisang sanggan tumuju jumenenganipun Bapak Ibu Wijanarko, tiyang sepuhipun panganten putri, Nimas Anggraini. Pisang sanggan menika pralambanging panebusing penganten putri. Pisang atages nampani gesang, mula penganten kakung sampun samekta nyanggi sesanggan gesangipun penganten putri manunggal ing kulawarga.
c. Kepyokan kembar Mayang
Penganten putri tindak tumuju ing papapn panggih kairing gendhing ladrang penganten. Juru ampil sekar kembar mayang lumampah rumiyin. Salajengipun dipuntuker kaliyan kembar mayang saking penganten kakung ingkang dipunbeta kaliyan wanodya cacahe kalih. Kembar mayang menika dipunsebat dewandaru lan kalpandaru. Dewandaru nggadhahi artos wahyu pangayoman. Maknanipun inggih menika supados penganten kakung paring pangayoman dumateng kulawarganipun. Dewandaru saking tembung kalpa ingkang tegesipun langgeng lan daru ingkang tegesipun kanugrahan. Maknanipun supados gesangipun bebrayan sageda salawasipun.
Kembar mayang menika dipunbeta kaliyan mitra kenthelipun penganten putri. Nalika kembar mayang dipuntuker pucuking kembar mayang dipunkepyokan bahunipun penganten kakung. Pralambanging penganten kekalih benjinge saged sami-sami asih lan tresna.
Sasampunipun dipunkepyokaken kembar mayang saking penganten putri dipunbical wonten marga. Ingkang saking penganten kakung dipunpajang wonten meja papan nampi tamu.
d. Balangan Gantal
Sasampunipun acicara kepyok kembar mayang dipuntindaaken adicara balangan gantal. Balangan kapisan saking penganten putri, pambalanging gantal ngenani jajanipun penganten kakung. Dipunsebat gondhang kasih. Pralambanging gegayuhan mugi-mugi tuwuh raos asih lan tresna ing manahipun penganten kakung. Gantosan penganten kakung ingkang mbalang gantal mring penganten putri. Kena ing palarabanipun penganten putri, dipunsebat gondhang tutur. Ngemu teges bilih tiyang kakung badhe paring pitutur lan pangayoman mring penganten putri. Balangan ingkang kaping tiga saking penganten putri. Ngenani jengkunipun tiyang kakungipun. Pralambanging bilih tiyang esri sampun manteb manut mring kakung lan tiyang kakung sampun sedya ngayomi mring garwa.
Gantal ingkang dipunginaaken bebalangan menika saking suruh ingkang dipuntaleni benang putih. Suruh menika ngemu teges sanadyan ta wujudipun sanes menawi dipungeget raosipun sami. Sanadyan ta miyosipun akkung lan putri, nggadhahi sifat lan kesenengan ingkang beda kanthi palakrama menika dipungayuh saged setunggal rasa, cipta, lan karsa.
e. Wiji dadi
Adicara salajengipun inggih menika wiji dadi utawa midak antiga. Penganten kekalih tumuju wonten papan inkang sampun dipunsamektaaken dening juru sumbaga. Ing sangandhapipun padanipun tiyang kakung wonten tigan ayam kampong. Salajengpun dipunpidak ngantos pecah. Pecahipun tigan menika ngemu teges bilih sampun pecah pamoripun temanten kekalih. Sanesipun ngemu teges bilih mugi-mugi penganten kekalih enggal-enggal dipunparingi putra momongan.
f. Ranupada
Adicara menika dipunsebat ranupada. Ranu ateges toya. Lan pada ateges samparan. Wonten ing adicara menika Penganten putri kanthi setya mijiki padanipun tiyang kakung mawi toya kang mijil saking telenging kendhi pratala. Toya menika toya perwita adi. Toya menika dipunracik mawi toya perwita adi lan kembang sritaman.
Sri ateges ratu, nenggih ratuning kembang-kembang, lan taman nenggih papan tuwuhipun sekar ingkang angganda arum. Sekar ingkang gandhanipun arum lan dados ratunipun sekar inggih menika mawar, melathi, kenanga lan kanthil. Dipunpilih sekar-sekar menika wonten sasmitanipun. Inggih menika supados menapa kemawon ingkang binawar saking lathinipun para winasis mugi tansah kumenang-kenang ing telenging nala, lan kumanthil-kanthil ing manah.
g. Sindur Binayang
Kalajengaken adicara sindur binayang. Penganten kekalih dipunkrukubi selendang sindur kaliyan ibu lan dipuntuntun lampahipun kaliyan bapak Wijanarko kanthi nyepeng pucukanipun sindur. Dene ibu ndherekaken lampahipun kang rama lan temanten kekalih ing wingkingipun. Sindur menika ngemu kalih warna inggih menika pethak lan abrit, rekta lan rena. Menika pralambanging kamanipun temanten kekalih. Ingkang abrit menika kamanipun penganten putri, dene ingkang pethak kamanipun penganten kakung. Menika dados donga supados campuripun kama kekalih saged ngedalaken putra ingkang sae lan migunani.
Dene tuntunanipun bapak kanthi sindur menika ngemu teges bilih tiyang sepuh taksih paring pitutur lan sengkuyung supados gesangipun bebrayan sageda kalis saking sambekala lan saged langgeng.
h. Bobot Timbang
Penganten kekalih lan tiyang sepuh kekalih dugi wonten sasana rinengga. Bapak lenggah wonten palenggahan, lan penganten kakung dipunpangku ing sisih tengen, dene ingkang putri dipunpangku ing sisih kiwa. Kebak ing sasmita Ibu Wijanarko nyuwun pirsa mring bapak, pitakenannipu kados mekaten “Kepiye bapake, abot sing endi?” Ingkang Bapak njawab “Tak rasa padha abote, Bu.” Kanthi menika tegesipun bilih piyambakipun kekalih boten mbedaaken asih lan tresnanipun dumateng putra kandhut lan putra mantu.
i. Tanem jero
Penganten kekalih lan bapak sami-sami jumeneng. Bapak ngadhep temanten kekalih lan nyepeng pundhakipun temanten kekalih. Temanten kekalih kalenggahaken dening bapak ing sasana piniji. Menika ateges penggayuhe tiyang sepuh supados temanten kekalih saged rukun ngantos sepuh.
j. Kacar-kucur
Salajengipun inggih menika adicara kacar-kucur. Isinipun kacar kucur, kacang kawak, dhele kawak, lan arta receh. Menika nggadhahi teges supados nambah paseduluran lan sanak.
Penganten kakung, nun inggih risang abagus Amir maringi uba ramep kacar kucur mring garwa, nun inggih risang ahayu Nimas Anggi. Tegesipun, tiyang kakung makarya kanthi tekun lan kasilipun dipunpasrahaken sedaya mring garwa. Lan kang garwa nyimpen kanthi permati kasil makaryanipun kakungipun, lan gemi anggenipun ngginaaken.
Asiling kacar-kucur katitipaken dhumateng ingkang Ibu Wijanarko. Nun inggih tiyang sepuhipun risang penganten putri.
k. Dhahar Klimah
Penganten kakung ngepel sekul cacahe tiga. Menika pralambang manunggaling tigang prekawis. Manunggaling kalih kulawarga lumantar manunggaling Amir lan Anggi. Sekul kang dipunkepel dipunpilih kalih. Sesarengan sami-sami ndulang. Risang abagus ndulang mring risang ahayu lan suwalikipun. Dulanganipun lawuh ati antep kang ngemu teges mantepipun manah kekalih anggenipun badhe bebrayan.
l. Ngunjuk Toya Wening
Salajengipun, temanten kekalih ngunjuk rujak degan wala. Inggih menika toyanipun kalapa muda ingkang nembe awoh sepisanan. Pratandha necep maduning hasmara gama ingkang linambaran kanthi weninging nala. Menika kekudanganipun tiyang sepuh supados ingkang putra saged enggal-enggal gadhah momongan ingkang saged nerasaken sarasilahing kulawarga.
m. Mapag Besan
Tiyang sepuh jengkar saking palenggahan mapag besan, tiyang sepuhipun Risang abagus Amir. Ingkang sami bebesanan sami jawat asta. Para ibu tindak wonten ing ngarsa, para bapak wonten ing pungkur, menika tegseipun bilih tiyang kakung ngurmati lan njunjung drajadipun tiyang estri. Besan kadherekaken lenggah ing iring sisih kiwanipun penganten. Tiyang sepuh wangsul malih ing sasana sakawit, angembani ing sisih tengenipun penganten.
n. Sungkeman
Adicara pungkasan inggih menika sungkeman penganten putri lan penganten kakung dhateng tiyang sepuhipun. Kerisipun penganten kakung dipunlolos dening juru sumbaga. Selop ugi dipunlepas. Penganten putri ingkang ngajeng penganten kakung ngetutaken ing wingkingipun.
Penganten putri simpuh ing ngajeng ramanipun. Penganten kakung simpuh wonten wingkingipun penganten putri. Penganten putri sungkem rama, penganten kakung ngentosi. Penganten putri sungkem ibu. Penganten kakung maju lajeng sungkem mring rama. Kekalihipun sungkem sesarengn.
Penganten putri mundur, penganten kakung sungkem ibu. Nalika sungkem tiyang sepuh cekap nyepengi pamidhanganipun penganten. Penganten ugi botenkesesa.
Penganten kakung sungkem rama, dene penganten putri simpuh wonten ing wingkingipun penganten kakung. Lajeng penganten kakung sungkem ibu, penganten putri maju sungkem rama. Kekalihipun sungkem sareng. Penganten kakung purna sungkem, mundur dene penganten putri sungkem ibu. Penganten wangsul malih ing palenggahan lan selop ugi keris dipuagem malih.



DAFTAR PUSTAKA

Pringgawidagda.2003.Siraman.Yogyakarta: Adicita Karya Nusa
Pringgawidagda.2003.Pawiwahan lan Pahargyan.Yogyakarta:Adicita Karya Nusa
Suwarna.2009.Ekspresi Lisan Lanjut.Yogyakarta:Kanwa Publisher
Boni.2010.Pahargyan Temanten Adat Surakarta.Diakses dari http://boniephoel.wordpress.com pada tanggal 06 Januari 2011.
Wijanarti.2009. Pre Wedding Ceremony Part 2 : Siraman.Diakses dari http://lovejournal.widjanarti.com pada tanggal 06 Januari 2011
Wijanarti.2009. Pre Wedding Ceremony Part 3 : Midodareni.Diakses dari http://lovejournal.widjanarti.com pada tanggal 06 Januari 2011
Wijanarti.2009. Wedding Day Story Part 2 : Upacara Panggih Yang Sangat Berkesan.Diakses dari http://lovejournal.widjanarti.com pada tanggal 06 Januari 2011








 

2 komentar:

  1. yuhuuuuuu.... finally... i follow yu..ihiiiyy... nek sik iki, aku entuk B... alhamdullillah.. [nangis..]ngik ngik..

    BalasHapus
  2. sadisnya,,aku baru baca komen kamu sekarang.. ahahaha,,, akhirnya menjadi followerku.. tapi kenapa tak tambah2 jua???

    BalasHapus