welcome to my heart

.::curahan hati tiada henti::.

Kamis, 24 Februari 2011

selalu saja ini...

Aku Kartini
Kartini Perkasa
Dening: Putri Prastika

“Putra Perkasa”
Jeneng kuwi kang dibiwarake marang wong tuaku karo tangga teparoku menawa aku diselamati nganggo jenang abang. Jeneng kuwi kang katulis ana salembar kertas kang dadi akta kelahiranku. Jeneng kuwi kang saiki mesthi tak tulis nang kertas ulanganku. Lan jeneng kuwi kang dak ucapake yen ana kang njaluk tetepungan karo aku.
Cah, aja tok bayangke yen aku ki priya bagus kang nduwe awak jejeg. Priya kang nengsemake. Aku dudu priya cah! Aku Kenya. Ayu. Manis. Lan nengsemake. Kandhane ibuku. Aku ora goroh. Putra Perkasa pancen aku. Kenya ayu kang nduwe rambut ireng lurus kumlawe yen ora tak jenthir. Kenya ayu kang nduwe kulit kuning kaya langsat.
Pancen aneh, lan pancen ngedab-edabi jeneng kuwi mau. Ora amarga jenenge kang elik. Jeneng kuwi apike ora ana pindhane. Ning rasane kok ora trep yen dipasangke marang awakku kang kaya ngene, kang kasunyatane dudu Putra kang Perkasa. Nanging Putri kang kemayu, kang alus gawanane.

Jeneng kuwi bapak kang maringi. Rasane kok perlu dakcritakake kepiye genahe aku isa diwenehi jeneng aneh kaya mangkana mau. Aku ragil saka lima bersaudara. Aku nduwe mbak ayu papat. Lan cetha nggenah yen aku sadulur wedok kabeh. Bapak kepengen tenan nduwe anak lanang. Mula pas metenge aku bapak sregep banget nyenyuwun karo gusti muga-muga ponang bayi kang diandhut dening ibuku kuwi lanang. Jeneng Putra Perkasa wis disamaptaake bapak. Jeneng kuwi dongane bapak. Muga-muga anak lanange bapak kang isih ana ing guwa garba kuwi bisaa dadi bocah lanang kang kuat lan bisa njaga ibu lan mbakayu-mbakayune.
Ananging kekarepane Gusti Kang Murbeng Dumadi ora padha karo apa kang dadi penggayuhe bapak. Nalika aku lair bidan kang nulungi metuku seka gua garba ngandhani bapak yen anake wedok. Kepriye getune bapak nalika entuk kabar kaya mangkana. Bapak muntab. Sapa wae during-uringi. Mbak Naning, Mbak Setya, Mbak Arum, lan Mbak Wening dadi sasaran nesune bapak. Ibu uga dikerengi karo bapak. Jaman semana bapak uga nesu marang Gusti Allah. Bapak rumangsa uwis nindaake apa kang dadi kuwajibane lan ninggalake apa kang dilarang dening Gusti nanging Gusti Allah ora maringi apa kang dadi karepe. Ana seminggunan bapak ora gelem weruh aku. Anak wedok kang ora dikarepake. Tekan mangsane selapanan lan wayahe aku entuk jeneng Bapak lagi gelem nggendhong aku. Kanthi ulat kang durung nuduhake rasa bungah bapak nyawang aku lan ngomong karo ibu, “Tak jenengi Putra Perkasa anak wedokmu iki.” Aku kang durung ngerti apa-apa mung isa ngguyu lan ngetokake rai lucuku. Bapak tetep ora gelem ngguyu karo aku. Ora suwe aku digendhong bapak, kaya-kaya bapak jijik yen nyekel aku suwe-suwe. Rasane aku pingin njerit lan ngomong yen aku iki anake. Kasil tresnane bapak lan ibu. Nanging aku kang bola-bali isih bayi, ora bisa ngapa-apa. Dak tampa lelakone bapak kang kaya mangkana mau.
 Kahanan kang kaya mangkana owah nalika aku ngancik umur 2 taun. Nalika aku uwis isa playonan lan isa ngomong sanadyan durung cetha. Bapak uwis gelem ngudang aku. Ngajak aku dolanan bareng uga ngajak aku dolan-dolan. Ananging bapak nganggep aku kaya bocah lanang. Aku ditumbasake bapak dolanan bocah lanang kaya bedhil-bedhilan, mobil-mobilan, lan samubarang kang mambu-mambu dolanane bocah lanang. Aku gelem-gelem wae ditumbasake lan diajaki dolanan kaya kuwi mau. Aku blas ora kepengen dolanane kanca-kanca wedok sakbaraanku.
 Aku pancen njlema lan seneng-seneng wae karo pawenehane bapak. Nanging Ibu ora trima. Ibu kerep mbelani aku sanadyan aku ra njaluk. Ibu kepengen bapak nganggep aku kaya anak wedok liyane. Ibu kepengen bapak ndeleng aku kaya bapak ndeleng mbak ayuku liyane. Dhek jaman semana bapak uga ora rikuh numbasake mbak Naning. Mbak Setya, Mbak Arum, lan Mbak Wening boneka uga alat masak-masakan. Ibu kepengen aku dikayangana kuwi. Diperlakokake kaya bapak merlakokake mbak ayuku liyane. Kuwi ora dadi karepe bapak. Yen wis mangkana kuwi anane Ibu diseneni entek-entekan karo bapak, banjur Ibu mung bisa nangis sesunggrukan nang njero kamar. Aku kang ora ngerti thothok seleh perkawis kuwi mung isa mlayoni Ibu lan melu nangis kaya-kaya aku ngerti yen aku sing marai Ibu dadi kaya ngana kuwi.
 Bapak kerep ngajak aku mlayu. Pendhak dina Minggu aku diajaki bapak lari ngiteri alun-alung ping papat. Ora mung kuwi, bapak uga nglebokake aku nang klub panah. Kabeh kagiayatan kang mambu-mambu lanang aku dielokake. Gawean-gawean kang kudune dicekel wong lanang uga aku dituturi. Sing gaweane menek wit pelem kango manen pelem ya aku. Sik mbenaake gendheng yen bocor yo aku karo bapak. Yen aku salah lan nggawe duka bapak uga ukumane kaya ukumane bocah lanang, aku disamblek nganggo tali ban kang rasane panas banget yen disabetake nang bokong apa nang geger.
 Ananging kahanan kuwi owah maneh nalika aku ngancik masa diwasa. Nalika aku ngalami metune getih saka kelaminku. Nalika aku ngalami mens kang kapisan. Nalika kuwi aku kelas 3 SMP. Aku keweden nalika ngerteni ana getih kang ngregedi kathok njeroku. Aku kang bingung takon karo Ibu. Aku wedi yen aku kena lara kang mbebayani. Kanthi sareh lan teliti ibu njlentrehake yen kuwi jenenge menstruasi tandha yen aku uwis diwasa. Ibu juga maringi pitedah supaya aku ati-ati yen bebrayan karo kanca lanang. Aja nganti kebanjur lan nyegur nang barang polang kang kalantur.
 Nalika kuwi bapak dicritani Ibu yen aku uwis entuk mens kang pisanan. Perkara kuwi ora dadi karepe bapak. Bapak isih ora lila aku iki bocah wadon. Teka-teka bapak nrabas lawang kamarku lan njambak rambutku, sakuwise kuwi bapak nggeret aku menanyang jedhing. Aku dislulupake jedhing, diangkat maneh, dislulupake maneh. Nalika kuwi bapak misuh-misuh, nanging aku ora ngerti apa kang diomongake bapak. Ndonya rasane mubeng kanggo aku, sing tak rasake mung mumet lan nggreges nang awak uga nang ati. Ibu kang nyawang kadadeyan kuwi mung isa mak tratap, mung isa ngelus dhadha amarga usaha kanggo ngalangi bapak ora kasil. Ibu malah kena bogeme bapak. Kenthi sempoyongan Ibu tangi lan njaluk tulung marang Lekku supaya bapak ngleremake bapak. Gusti, kaya mangkene rasane dadi anak kang ora dikarepake wong tua.
 Wiwit kuwi bapak ora gelem aruh-aruh karo aku sanadyan ta aku lan bapak nunggal genheng nanging bapak ora nganggep yen aku ana. Uwis tau aku takon marang Ibu, apa ta sebabe Bapak sengit karo awakku? Kenapa ta bapak kepengen banget nduweni anak lanang? Kenapa ta bapak ora nrima wae yen aku iki wedok, dudu lanang?
 Yen bapak mung pengen nduweni anak lanang aku isa njaluk dioperasi wae diwenehi thithit ben isa kaya bocah lanang liyane. Kareben bapak seneng nyawang nduwe anak lanang. Aku ikhlas yen karepe bapak kaya mangkana. Aku iya pengen nggawe bungah atine bapak. Apa wae karepe bapak bakal tak lakoni supaya bapak bisa seneng lan nganggep aku iki ana. Kepiye rasa sedhihe atiku yen ngrasaake kahanan kaya mangkene. Aku uga kepengen kaya kancaku liyane sik mangkat sekolah dieterake bapakne. Rapot dijupukake bapakne. Lunga nandi-nandi dieterake bapakne. Aku uga kepengen ngrasaake nduwe bapak kang bener-bener isa ngayomi aku lan nresnani aku apa anane.
 Nanging ora mung masalah pengen nduwe anak kang ana thithite bapak kepengen nduweni anak lanang. Bapak kepengen anake sesuk dadi tentara amarga penggayuhe bapak wiwit timur kuwi pengen dadi tentara, amarga kahanan wae bapak ora bisa dadi tentara. Bapak kepengen anake dadi tentara, lan miturut bapak mung anak lanang kang bisa mujudake kepengenane kuwi. Bapak ora tau menggalih yen anak wadon uga bisa dadi tentara. Bapak termasuk wong kang modern. Kang ngerti bias gender lan nyengkuyung emansipasi wanita. Ananging kenapa bapak ora bisa ngowahi penggalihe. Ngowahi mind set e yen mung anak lanang kang bisa dadi tentara.
 Sauwise ngerti sebabe bapak kepengen banget nduwe anak kang dadi tentara tuwuh krenteg nang atiku. Aku kudu dadi tentara sanadyan ta aku wadon. Aku bisa dadi anak kang dibombongake wong tuane. Aku kepengen nyenengake bapak lan kanthi mangkana aku bisa ditresnani bapak kanthi apa anane. Jeneng Putra Perkasa kudu tenanan tak buktekake. Aku pancen Perkasa sanadyan ta aku wadon.
 Kepenganku kuwi ora takandharake karo bapak. Mung Ibu kang bola-bali tak suwuni idin pangestu. Dhisike ibu ora lila aku dadi tentara. Miturute ibu tentara kuwi prakarya kang angel, bocah wadon kaya aku ora pantes yen kudu blusukan kaya tentara-tentara. Ibu ora bisa mbayangake yen aku kudu maju perang. Nanging niatku wis krenteg, kepiye wae kudu tak lakoni.
 Sauwise lulus SMA aku langsung golek-golek informasi pendaftaran kowad. Masalah biaya pancen ibu kang nanggung. Ibu kuwi nduwe usaha dhewe, bisnis dodolan raja brana mula nduwe penghasilan dhewe ora mung ngendelake gajine bapak kang dadi guru kepala sekolah nang sawijining STM kang kondhang ana ing daerahku.
 Tes mbaka tes dak liwati kanthi sabar lan kanthi semangat kang ora tau kurang-kurang. Kepara malah sansaya tambah lan tambah. Nalika krentege rada susut aku banjur mbayangake eseme bapak. Aku kepengen banget weruh eseme bapak kang mung kanggo aku. Yen wis kaya mangkana tekadku sansaya kenceng, samubarang pepalang dak oncati, dak lewati kanthi ati kang ikhlas.
 Nganti meh tes pantokir pusat bapak durung ngerti yen aku melu tes dadi kowad. Sengaja ora tak wenehi ngerti. Aku sumelang yen mengko paite aku ora kasil lolos mung nggawe tatu atine bapak. Aku kudu isa lolos lan aku kepengen menehi kabar bungah kuwi. Aku wis ra sabar pengen weruh esem e bapak kang mung kango aku.
 Dina kang tak anti-anti teka. Sedina maneh aku tes pantokir pusat. Tes kang dadi penentu aku lolos apa ora. Wengi kuwi aku jamaahan karo ibu shalat Tahajud. Nyuwun marang Gusti Allah muga dalanku dimayarake. Lan diwenehi kemudahan angonku merjuangake penggayuhanku.
 Dina iki aku kelakon melu tes pantokir pusat. Tes mbaka tes dak lewati kanthi tenanan. Tekan mangsane, pengumuman siap dak enteni. Aku dheg-dhegan ngenteni jenengku diceluk karo sawijining perwira. Nang kana Kenya-kenya sik bareng aku ndaftar mau uga wis tata baris kanthi rapi. Siji mbaka siji kenya-kenya kang ana sandhingku disebut jenenge.
 “Putra Perkasa” ngana sebute pak perwira. Kanthi bombonge ati aku maju mlebu barisan kenya-kenya kang mau uga wis diceluk. Aku ra merduli arep wong liya nganggep jenengku aneh. Ketara seka pasuryane sik katon bingung weruh aku sing maju pas jenengku disebut. Nyatane pancen aku putrane bapakku kang perkasa.
 Cendhek cerita aku bali menyang ngomah. Aku langsung nubruk bapakku lan nangis sesenggukan ana ing sikil e bapakku. Ibuku kang ana kana wis ngerti apa kang kedadeyan karo aku. Bapak kang ora nyana bakal entuk tubrukan seka aku mung meneng sajak bingung. Alon-alon aku nyoba ngatur unjal ambeganku supaya ora nyenin kemis. Ibu uga wis sumadya lenggah ana jejere bapak. Alon-alon aku matur karo bapak yen aku bubar wae melu tes kowad, lan aku lolos. Sepiro kaget lan bungahe bapak krungu kabar kuwi. Kanthi ora sronto aku dirangkul lan diambungi ro bapak. Awang-awangku kang mung mbayangake entuk eseme bapak dibayar luwih. Aku entuk luwih saka eseman. Bapak nangis sesenggukan, Bapak njaluk ngapura marang awakku. Amarga bapak wis ngeboti pikirku karo penggayuhe. Bapak getun uwis kaya ngana karo aku. Ananging kabeh uwis ora dadi masalah kanggo aku. Kabeh mau uwis dak tampa kanthi jembare ati.
 Moga dina esuk luwih endah tinimbang dina iki. Lan t

Tidak ada komentar:

Posting Komentar